Mengenai Saya

Foto saya
Sebelum lulus kuliah sudah menulis, dan menjadi kuli tinta.

Rabu, 27 Januari 2010

NULAD WATAK BOCAH ANGON ING TEMBANG ILIR-ILIR

Oleh : Kang Syukron

Wulangan kapangarsan ing kabudayan jawa ora mung wates Hasta Brata. Ing tenbang Ilir-ilir sing miturut gotheking wong akeh karipta dening Sunan Kalijaga, ngemot wulangan kapangarsan kang jumbuh banget karo jiwane wanita minangka jejering ibu.

Nalika semona, racahe bocah anggon uga cah ngarit ing tegal pada seneng tetembangan, sak iki wis ora ngayot “ Lir-ilir tandhure wus sumilir, tak ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar, bocah angon penena blimbing kuwi, lunyu-lunyu peneken, kanga masuh dadatira, dadatira kumitir bedhahing pinggir, dom-ana, jlumatana kanga seba mengko sore, mumpung jembar kalangane, mumpung gede rembulane, ya suraka surak hayu, ya suraka surak hayu”

Miturut budaya jawa, tembang ilir-ilir ngemot tapsiran jero gegayuhan laku ngowahi adat-istiadat lan budaya nalika lumebune agama Islam ing tanah jawa. Ing tembang iki ana tetenger bocah angon sing ngemot piwulang kapangarsan . Yen wulang tumrape bocah angon iki ditrepake kanthi temen-temen ing jagad politik, samengkone bakal nuwuhake kahanan urip lan panguripan kang luwih apik. Yen ndhudhah filosofi bocah angon ing tembang ilir-ilir ana gegambaran yen sawijine bocah angon kuwi nalika lunga menyang ngendi wae tansah ngawa gitik, saorane sigaran pring arupa cuthik sing bisa kanggo teken. Teken mau ngemu sanepa (pralambang) pituduh, gegebengan ing pandom. Lire, sawijining pangarsa kudu ngugemi gegebengan, pakarti kang tansah lelandhesan bebener. Bocah angon kuwi dununge mesthi ana ing mburine sing dingon. Iki pralambang yen bocah angon kuwi duwe watak ngemong. Watak ngemong iki kinodrat kandel ing jiwane wanita, jiwane ibu. Bisa kadulu ing urip padinan, sawijining ibu mesthi bakal ngorbanake apa wae lamun anake bisa kepenak uripe.
Watak ngemong iki uga ngandut perbawa ngayomi. Hamula kuwi, nalika sawijining wanita dadi pangarsa, sikep ngemong sing wus kinodrat ing dhirine uga bakal merbawani kabeh tumindake ing kapangarsane. Hasta Brata dhewe uga ngemot piwulangan bab ngemong lan ngayomi. Kanthi gegayutan tapssiran bocah angon iki, ing baku asesirah kepemimpinan jawa, uga piwulang ing agama. Meh kabeh Kanjeng Nabi/Rasul, sadurunge ngayahi jejibahan mulangke agama marang manungsa mesthi ngalami urip dadi bocah angon. Kaya dene sujarahe Kanjeng Nabi Muhammad Saw, nalika ngalami urip dadi bocah angon wedhus. Pangarsa sing ana ing mburi, kayadene bocah angon, ora ateges minangka pangarsa dumadi paprangan banjur dedunung ing barisan mburi dhewe. Yen ing kahanan mangkene iki, nalika Negara dirabasa mungsuh, pangarsa ya kudu dedunung ing barisan ngarep dhewe. Pangarsa ing mburi, amarga ngugemi kuwajiban ngemong ateges yen giliran seneng-seneng dheweke kudu ndulu kawulane dhisik. Yen kawulane uripe wis seneng kabeh, wus mulya kabeh, wis kepenak kabeh, nembe jatahe pangarsa kanga seneng-seneng. Hastha Brata uga ngemot piwulang mangkene iki kang yektine wus kinodrat ing pribadine wanita minangka jejering ibu: ***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar